Macapat :: Kinanthi & Gambuh

Macapat, tembung sing wis arang dirungu, tur akeh sing wis ora pirsa, aku wingi sore dipundhuti priksa dening mitraku sing asmane mas Wiwit, apa ta tegese macapat iku. Aku kenal macapat wiwit aku isih cilik, bapakku asring rengeng-rengeng sadina-dina, tur maneh panjenengane paraga kethoprak ing desaku. Semono uga ibuku, neng sekolahan asring maringi piwulang bab macapat, bebarengan karo guru-guru liyane. Aku biyen bisa nembang Mijil, Sinom, Pucung, Kinanthi, Asmarandana, Maskumambang, Dhandhanggula, Pangkur, Gambuh lan Megatruh. Balabak, Wirangrong, Jurudemung, Girisa babar blas ora bisa. Saiki aku mung kelingan Mijil, Kinanthi, Pucung, Gambuh lan Megatruh, awit wis ora tau macapatan. Wektu aku isih SD lan SMP biyen, saben minggu mesthi latihan macapat neng daleme guruku utawa neng kelas.

Ana pirang pada sing aku isih eling tekan seprene, kaya ta Kinanthi Mangu, kang padane kaya ing ngisor iki:

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

Utawa tembang Gambuh ing ngisor iki, asring banget keprungu neng sekolahanku ing jaman semana, awit isine sing maringi pitutur supaya bocah-bocah sregep anggone sinau. Dadi ana momotan politise šŸ™‚ šŸ˜€ Mula tansah kelingan lan nganti nglothok šŸ˜€

Ora liwat tuturku
Marang sira sing sregep sinau
Maca etung nulis nggambar sing taberi
Ajar wulangane guru
Aja wedi atetakon

Saka tuladha ing dhuwur, tembang Kinanthi iku:

  • guru gatrane 6
    tegese saben pada (bait) ana 6 gatra (baris)
  • guru wilangane ajeg 8 saben gatrane
    tegese saben gatra utawa baris ana 8 suku kata utawa syllable.
  • guru lagune u, i, a, i, a, i
    tegese gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo swara (vokal) “u”, gatra kapindho kudu dipungkasi nganggu swara “i” lan sapiturute.

Semono uga tembang Gambuh, uga ana aturane yaiku guru gatra 5, guru wilangan lan guru lagune 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

14 thoughts on “Macapat :: Kinanthi & Gambuh

  1. Mangga mas, anu.. kok ngangsu kawruh ta.. kula kedahipun ingkang ngangsu kawruh dhumateng panjenengan… awit cetheking pangertosan kula.

    Sugeng pitepangan mas.. matur nuwun awit rawuhipun.

  2. wah sae mas web ipun, mangga dilajengaken malih, kula nderek ndedongo mugi2 dados cikal bakal kangge memetri kabudayan jawi.Menawi saget mbok nuywun tulung dipun urutaken mas, saking maskumambang dumugi pucung, syukur2 wonten audionipun ingkang saget pun download,suwun

  3. remen sanget menawi maos. awit punika minangka salah stunggaling cara kangge nguri – uri budaya bangsa kang meh sirna.sampun ngantos para mudha taruna lirwa kaliyan budayanipun piyambak.

  4. Assalamu’alaikum, nuwun sewu mas. Kula nembe ngudi kawruh nembang jawa kangge lomba sesorah, mugi budhaya jawi tetep dipun uri-uri. Matur nuwun. Janu/Sma2Yogya

    • Mas sampeyan eruh terusane tembang gambuh iki ya ..mas
      Pramudha kudu gambuh
      Marang kawruh aja sugih embuh
      Ala becik kudu di weruhi
      …………
      ………..
      ( lhaiki lomas aku lali terusane,mugnkin konco2 ono sing iso mas?

Leave a reply to ngabehi kiduling mesjid Cancel reply