Pangudarasa

Ajining dhiri punika saking kedaling lathi

Basa Jawa kang wiwit musna.

Aku gumun tur prihatin karo bocah-bocah enom Jawa jaman saiki, ketok banget yen padha ora nguwasani kabudayan Jawa. Sing paling gampang bae, wis angel golek nom-noman kang bisa ngendikan nganggo basa krama inggil, bisaa basane sasar-susur ora karuwan. Apa maneh basa krama inggil, basa Jawa ngoko bae wis padha ora bisa. Bisane mung mireng, ananging yen kudu ngendikan ora bisa. Anggepe basa Jawa iku wus ora mligi marga wis kuna lan ora “kanggo” ing jaman saiki. Kosok baline awake dhewe wong-wong kang lair luwih dhisik asring ora maringi tuladha kang bener babagan bausastra lan kabudayan Jawa.

Basa Jawa mono sejatine ora angel, mung kudu bener lan pener panganggone, utamane basa krama lan krama inggil, kaluputan sing paling asring kedadeyan yaiku salah milih tembung, sing kudune ngurmati wong sing diajak pangandikan, malah ngurmati awake dhewe. Aku percaya yen basa Jawa dienggo wiwit bocah isih timur bakale apik ing tembe mburine. Contone, salah sijine bulikku kang asmane Bulik Titik tansah ngagem basa krama inggil nalika pangandikan karo putra-putrane, nganti saiki putra-putrane yen pangandikan karo wong-wong liya tansah ngagem basa krama inggil. Aku nate krungu nalika bocah-bocah iku nembe dolanan karo bocah-bocah liyane, ditakoni karo bocah liyane semaure nganggo basa krama inggil, bocah sing takon banjur ndomblong. Aku mung bisa mesem kecut nalika nyumurupi prastawa iku. Nanging sakjane aku trenyuh lan prihatin.

Menawa dudu awake dhewe banjur sapa maneh kang gelem lan kudu nguri-uri kabudayan adiluhung tetilarane para leluhur? Mula ayo para sedulur, bareng-bareng kita miwiti anggegulang kabudayan Jawi, wiwit saka sing sepele-sepele bae, tansah nggunakake basa Jawa kang apik, bener lan pener panganggone.

November 21, 2007 Posted by patul | pangudarasa | , , , | 15 Comments