Pangudarasa

Ajining dhiri punika saking kedaling lathi

WMA > MP3 transcoding migunakake ffmpeg lan lame

Kagungan file-file wma utawa format liyane nanging mp3 player kagungane mung bisa muter mp3? Transcode bae dadi mp3.

Contone kaya ing ngisor iki:

ffmpeg -i “03 Tennessee Waltz.wma” -vn -f wav – | lame.exe -V 2 –vbr-new – “03 Tennessee Waltz.mp3″

Kudu dieling yen transcoding ing antarane lossy compression iku ora bakal bisa ngasilake output kang becik, amarga wis akeh rounding error. Yen bisa, luwih becik nggoleki wav asline, utawa nge-rip maneh saka CD-ne. Pathokan kang bisa dienggo, bit rate format hasile aja nganti luwih gedhe tinimbang sumbere. Upamane wma 192kbps aja ditranscoding dadi mp3 225kbps, luwih becik <= 192kbps.

ffmpeg bisa diundhuh saka ing kene
lame bisa diundhuh saka ing kene

February 4, 2008 Posted by patul | audio | , , , , | No Comments Yet

Open source MLP/TrueHD decoder

Kabar kang banget nyenengake kanggo para pandemen audio decoding, FFmpeg ora suwe maneh bakal bisa decode MLP (=Meridian Lossless Packing) yaiku format file audio lossless sing digawe dening Meridian Audio, Ltd. Lossless iku tegese ora ana bagian kang ilang saka stream audio asline. MLP iku wis diakoni dadi standar kompresi lossless kanggo dvd-audio.

Dolby TrueHD (sing dienggo neng Blu Ray & HD-DVD ) iku uga nggunakake MLP.

Dipirsani ing kene

December 4, 2007 Posted by patul | audio | , , , | No Comments Yet