babagan aku
Aku mung wong biasa, wong desa, saka ing pucuking ardi, mula ora nggumunake yen kanca-kanca padha maringi paraban “Gondes” sing tegese gondrong desa amarga pancen asalku saka desa tur wujudku sing gondrong
. Buruh kang golek panguripan ing Tangerang, adoh saka papan asalku ing Kulon Progo, Ngayogyakarta Hadiningrat.
15 Comments »
Leave a comment
-
Archives
- February 2008 (4)
- January 2008 (3)
- December 2007 (1)
- November 2007 (3)
-
Categories
-
RSS
Entries RSS
Comments RSS





Wah, mas gondez merendah kie.. Lha wong bagus, pinter, gedhe duwur, putih, kulite resik, irunge mancung, ilate dowo… kok ngakune ndeso. Tapi siji sayange. rung nduwe bojo. Mbok ya cerita soal iki mas
#ardians : Nggih mas, badhe kula ambali malih. Para sedherek, amargi mas Ardian sampun ngandika mekaten, pramila kula mboten saged suwala malih, inggih, kula akeni, kula dereng gadhah semah, amargi inggih dereng pajeng ngantos dumugi wegdal punika
Kula sampun nyuwun dhumateng mas Ardian supados karsaa nepangaken kula dhumateng wanita-wanita fans-fansipun mas Ardian ingkang kathah sanget punika, nanging ngantos sepriki nembe setunggal ingkang dipun tepangaken dhumateng kula, kados pundi to.
Kados mekaten menggah sakedhik lampahing gesang kula, para sadherek. Mbokmenawi wonten ingkang karsa dados …. hahaha….
Lah, kulo rak prasasat gumun to niki.
Mloka-mlaku mubang-mubeng blog kok njuk ketemu priyayi Kulon Progo.
Ha njenengan saking pundi to mas?
Eh, kulo nuwun.
Ha rak malah lali to niki
#sigid : Anu mas.. eh mangga.. kula kok inggih lajeng sasar-susur kados mekaten, kula saking Lendah, mas, pokokipun saking pucuking arga (sanes arga kembar lho)
Ndherek nepangaken kemawon, kula pun Gondes, rumiyin nate dados rencangipun Kanjeng Ardians, (menawi taksih dipun aken lho
).
Lah, kula ugi nderek nepangaken.
Dalem saking Gunungkidul namun tiyang sepuh saking Nanggulan.
Rumiyin remen mubeng-mubeng Nanggulan, Girimulyo, Wates, Samigaluh lsp. Sak menika njih glidig wonten ibukota, manggen wonten Jakarta Timur.
#Sigid : Sugeng pitepangan mas, kula remen sanget saged pepanggihan kaliyan sedherek saking Kulon Progo. Matur nuwun.
Assalamu’alaikum mas Gondes,
wah nderek bingah gene ki yo isih ono piyayi Nom Ngayogya ingkang taksih kesdu nguri-uri kabudayan Mataraman…nderek caos atur kemawon kangmas…mbok mbenawi saged mbok injiho kito sami ndamel mailist “kawulo dasih Ngayogya” ingkang ngupiyo rejeki ing Jabotabek…Syukur-syukur saged pepanggihan lan ndamel paguyuban
Wa’alaikumsalam, Mas Enri
Wah kula dereng ngantos dumugi ingkang panjenengan ngendikakaken punika mas. Menawi milis Kilen Pragi sapunika sampun wonten ing yahoogroups.. Kula rumiyin tepang sawetawis sedherek ing milis kasebat, nanging sapunika sampun kirang anggenipun sesambetan awit saking padamelan lan karibedanipun piyambak-piyambak.
Sugeng pitepangan mas…
Mas, nyuwun dipun update njih mas.
Dipun tenggani je niki ……
Blogmu mbok di update tho dab… opo ra kopen goro-goro ngisik-isik mobili anyar po? Sing nang Bandung wis ditandangi durung dab? Ketemu nang wirobrajan tenan tho ki?
Wah jan, mas Patul menika jan wasis.
Lha niki wau kula rak bar dolan wonten deviant art kagungane mas Patul.
Uedan, foto kagungane jan prasasat HUEBAAAT ….
Mencengangkan mas, menapa melih sik foto kawah putih niku, jan suip …
#ardians: Lha wong mudik kok didhawuhi ngeblog… wis tak aturi priksa to nek omahku ki neng pucuk gunung, ora ana internet, anane lendhut karo watu hahahaha…
#Sigid : Wah, wasis punapa to mas, kula rak namung anut grubyug, rencang-rencang sami kagungan hobby fotografi, kulo namung ela-elu kemawon. Dadosipun nggih ngaten, kirang sae.. lha wong namung amatiran
Matur nuwun
#bibomedia.com:
juga…