Aku mung wong biasa, wong desa, saka ing pucuking ardi, mula ora nggumunake yen kanca-kanca padha maringi paraban “Gondes” sing tegese gondrong desa amarga pancen asalku saka desa tur wujudku sing gondrong . Buruh kang golek panguripan ing Tangerang, adoh saka papan asalku ing Kulon Progo, Ngayogyakarta Hadiningrat.