Kepiting
Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
“Yo wis tak tukokno nang rolak” jare Muntiyadi.
“Lho gak numpak bronpit tah ?” takok Romlah.
“Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae” jare Muntiyadi. Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.
Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
“Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?” takok Sablah.
“Kate nglencer golek angin . .” jare Muntiyadi.
“Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae” jare Sablah ngalem.
Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam ndhik kono lak isis tah, dadi gak keroso moro-moro wis sore. “Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo .” jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek. Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol, kepitinge buyar kabeh. Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok “Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki ” Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring. “Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae. Mulakno kok suwi. . .”
2 Comments »
Leave a comment
-
Archives
- February 2008 (4)
- January 2008 (3)
- December 2007 (1)
- November 2007 (3)
-
Categories
-
RSS
Entries RSS
Comments RSS





Wah, kula menika sampun sawetawis wekdal mboten mampir wonten dalemipun mas Patul njih
Suwe ora jamu, jamu pisan weruh wong nggiring kepiting
He he
artinya apa e?
ga ngerti akuhhhh…
lam kenal…
> Oke, nanti saya terjemahkan, tapi jadi kurang lucu klo pake bahasa indonesia hehe…
Salam kenal kembali…