Doom9 Highlight: #1 Unbelievers
Somebody wrote following lines in a thread regarding BackupHDDVD by muslix64.
muslix64: i wrote an AACS decrypter.
me: *yawn*
muslix64: and i’ve extracted volume keys from my HD-DVD’s
me: wow that’s amazing, show me.
muslix64: no
me: *yawn*
Pakdhe Gondhes
Kula sapunika sampun dados pakdhe saestu, awit rikala dinten Kemis, 10 Januari 2008 rayi kula, Hanna, sampun ambabar ponang jabang bayi pawestri prunan kula ingkang nomer setunggal, ingkang dipunparingi pusaka nama pun Margareth Keyzia Kinanthi Kurniadewi (Keke). Naminipun panci panjang saestu awit sedaya kulawarga maringi nami piyambak-piyambak dhumateng rayi kula, Margareth punika paringipun rayi kula pun Lina, Keyzia saking atur kula, Kinanthi punika paringipun ibunipun (Hanna), Kurnia saking kersanipun ibu kula, dene Dewi saking pitedahipun bapak. Dados sedaya kulawarga tumut andhil hahaha…
Kula namung saged ndherek bingah-bingah saking katebihan awit kula mboten saged wangsul amargi kawontenan lan nembe kathah padamelan.
Kula kapan nggih? Hihihi..
Kepiting
Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
“Yo wis tak tukokno nang rolak” jare Muntiyadi.
“Lho gak numpak bronpit tah ?” takok Romlah.
“Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae” jare Muntiyadi. Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.
Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
“Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?” takok Sablah.
“Kate nglencer golek angin . .” jare Muntiyadi.
“Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae” jare Sablah ngalem.
Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam ndhik kono lak isis tah, dadi gak keroso moro-moro wis sore. “Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo .” jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek. Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol, kepitinge buyar kabeh. Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok “Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki ” Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring. “Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae. Mulakno kok suwi. . .”
-
Archives
- February 2008 (4)
- January 2008 (3)
- December 2007 (1)
- November 2007 (3)
-
Categories
-
RSS
Entries RSS
Comments RSS




