Pangudarasa

Ajining dhiri punika saking kedaling lathi

Macapat :: Kinanthi & Gambuh

Macapat, tembung sing wis arang dirungu, tur akeh sing wis ora pirsa, aku wingi sore dipundhuti priksa dening mitraku sing asmane mas Wiwit, apa ta tegese macapat iku. Aku kenal macapat wiwit aku isih cilik, bapakku asring rengeng-rengeng sadina-dina, tur maneh panjenengane paraga kethoprak ing desaku. Semono uga ibuku, neng sekolahan asring maringi piwulang bab macapat, bebarengan karo guru-guru liyane. Aku biyen bisa nembang Mijil, Sinom, Pucung, Kinanthi, Asmarandana, Maskumambang, Dhandhanggula, Pangkur, Gambuh lan Megatruh. Balabak, Wirangrong, Jurudemung, Girisa babar blas ora bisa. Saiki aku mung kelingan Mijil, Kinanthi, Pucung, Gambuh lan Megatruh, awit wis ora tau macapatan. Wektu aku isih SD lan SMP biyen, saben minggu mesthi latihan macapat neng daleme guruku utawa neng kelas.

Ana pirang pada sing aku isih eling tekan seprene, kaya ta Kinanthi Mangu, kang padane kaya ing ngisor iki:

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

Utawa tembang Gambuh ing ngisor iki, asring banget keprungu neng sekolahanku ing jaman semana, awit isine sing maringi pitutur supaya bocah-bocah sregep anggone sinau. Dadi ana momotan politise :) :D Mula tansah kelingan lan nganti nglothok :D

Ora liwat tuturku
Marang sira sing sregep sinau
Maca etung nulis nggambar sing taberi
Ajar wulangane guru
Aja wedi atetakon

Saka tuladha ing dhuwur, tembang Kinanthi iku:

  • guru gatrane 6
    tegese saben pada (bait) ana 6 gatra (baris)
  • guru wilangane ajeg 8 saben gatrane
    tegese saben gatra utawa baris ana 8 suku kata utawa syllable.
  • guru lagune u, i, a, i, a, i
    tegese gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo swara (vokal) “u”, gatra kapindho kudu dipungkasi nganggu swara “i” lan sapiturute.

Semono uga tembang Gambuh, uga ana aturane yaiku guru gatra 5, guru wilangan lan guru lagune 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

November 22, 2007 - Posted by patul | macapat | , , , , , | 7 Comments

7 Comments »

  1. kula nuwun,
    ndherek ngangsu kawruh :mrgreen:

    Comment by sitijenang | December 27, 2007 | Reply

  2. Mangga mas, anu.. kok ngangsu kawruh ta.. kula kedahipun ingkang ngangsu kawruh dhumateng panjenengan… awit cetheking pangertosan kula.

    Sugeng pitepangan mas.. matur nuwun awit rawuhipun.

    Comment by patul | January 4, 2008 | Reply

  3. wah sae mas web ipun, mangga dilajengaken malih, kula nderek ndedongo mugi2 dados cikal bakal kangge memetri kabudayan jawi.Menawi saget mbok nuywun tulung dipun urutaken mas, saking maskumambang dumugi pucung, syukur2 wonten audionipun ingkang saget pun download,suwun

    Comment by ngabehi kiduling mesjid | April 24, 2008 | Reply

  4. suwun yo mas . .
    tugas kula jadi slesai

    Comment by Lukman | July 30, 2008 | Reply

  5. wadhuh2.. kula mboten ngertos punapa2 meniki, emange ngomongake opo ta???

    Comment by azkeea | February 3, 2009 | Reply

  6. remen sanget menawi maos. awit punika minangka salah stunggaling cara kangge nguri – uri budaya bangsa kang meh sirna.sampun ngantos para mudha taruna lirwa kaliyan budayanipun piyambak.

    Comment by winuk | April 10, 2009 | Reply

  7. kulo remen sanget???pengen blajar nembang??

    Comment by PRAS | May 1, 2009 | Reply


Leave a comment