Pangudarasa

Ajining dhiri punika saking kedaling lathi

Macapat :: Pucung

Tembang Pucung, kang kalebu tembang cilik, iku tembang kang akeh digunakake amarga cekak tur gampang panganggone. Cekak amarga mung ana patang gatra saben pada.

  • gatra kapisan cacahe 12 wanda (suku kata, syllable) lan wanda kang pungkasan kudu “u”, kacekak 12-u.
  • gatra kapindho cacahe 6 wanda, lan wanda kang pungkasan kudu “a”, kacekak 6 -a
  • gatra katelu cacahe 8 wanda, lan wanda kang pungkasan kudu “i”, kacekak 8 -i
  • gatra kapat utawa kang pungkasan cacahe 12 wanda, wanda kang pungkasan kudu “a”, utawa kacekak 12-a

Tuladha:

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara

(kacuplik saka Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunagara IV)

Utawa pucung kang misuwur marga asring kanggo tembang dolanan utawa cangkriman

Bapak pucung cangkemmu marep mendhuwur
Sabane ing sendhang
Pencokane lambung kering
Prapteng wisma si pucung mutah guwaya

(coba batangen cangkriman ing dhuwur :) )

November 21, 2007 - Posted by patul | macapat | , , , | 3 Comments

3 Comments »

  1. wahh.. apig2 mas.. aku iso golek bahan kanggo tugas basa daerahku.. suwun yho mas.. eh mas, aku saget njaluk tulung mboten?? tulung kula digawekake lirik liyane tembang pucung.. iku tugas sekolahan. tapi aku ora iso gawe.. peh buingung aku mas..

    catetan : kula nyuwun pangapura, yen kata2 kula wonten ingkang mboten menaki.. kula mboten teteh ngomong basa jawi.. nyuwun pangapurane nggih.. lan kula njaluk tulung digawekake lirik anyaripun.. matursuwun ingkang kathah nggih mas..

    Comment by azkeea | February 3, 2009 | Reply

  2. sebaiknya setiap macam tambang MACAPAT di kasih contoh lah?

    sekarang aku lagi kesulitan nih cari tembang pucung bertemakan

    PARIWISATA……..

    Comment by afies | April 6, 2009 | Reply

  3. batangane…..wadhah banyu/ember sing sok dienggo ngangsu banyu.

    (ndherek tepang, kawula rumiyin remen nembang, nanging sak menika sampun sami kesupen sedaya, sakmenika wiwit kangen lan kepengen malih saget nembang malih, matursembahnuwun.)

    Comment by Faizaji | May 2, 2009 | Reply


Leave a comment